Monday, November 29, 2010

DosenQ koyok pejuang 45

mang pas kuliah, tumben2an aq ra ngobrol mbek arek2 po maneh turu penyakit siji ki pancen ra iso ilang malah gantian arek2 seng rame dwe, yo ono seng turu pisan untung dosenQ g ngangkat kursi trus d sawatno ng areke pak dosen pancen apik'an, cuman iso ngguyu arek2 seng umek karepe dwe trus dosenQ nyritakno kabar berita ng koran mbek soko multimedia yo po biyen jamane perjuangan wong2 seng melu berkorban kanggo mempertahanno negoro wong2 seng ikhlas ngeke'i tanpo ngarep imbalan opo maneh gelar pahlawan para pejuang ku g ngarepno perhatian teko pemerintah yo teko masyarakat pejuang2 wes seneng iso melu merdekano negorone jarang2 aq terharu, tapi...

malang nian nasibmu kawan

ki cerito tentang koncoQ seng sebenere nasibe apik trus, cuman ge apes ae kyoke kyok pepatah seng d omongno areke dwe, "hidup tu sperti roda yg berputar, kadang qta d atas kadang qta d bawah". mboh sampe nyungsep ora ku. penghasilane teko oret2 ng blog seng sakdurunge iso d katakan wah lumayan ki gawe jajan saben dino, saiki mulai mudun perlahan sekitar Rp. 6.000,- mengisor. ngerti koyok ngono areke wes mulai kepikiran, lha kq dino ki mang, pas areke ape login nontok penghasilane dino ki kq ora iso. ternyoto akune wes d suspend mbek admine mboh perkoro po wahh, tambah ngelu pindo areke sampe ra konsen kuliah sabar ae tong, sesok lak ono rejekine...

Saturday, November 27, 2010

isuk2, sego jagung, sedeeppp poll

ki mang sebenere wes tangi isuk, tpi kq ngantuk maneh. ZZZzzzzz....... akhire turu di perpanjang sampe jam 9, ternyoto wes awan weteng yo krucuk2 budhal ng pasar kq yo wes sepi, akhire ng warung gang 3 gelek mangan wes kangen mangan ng kono, kangen sego jagunge pisan tpi ono seng kurang, g ono sayur lodehe. podho karo sego jagung tanpa sayur lodeh, g mantapzzz tpi berhubung wes lesu opo ae yo enak weteng wareg, enake ki d gawe turu maneh. ZZZzzzzzz....

pe masang kq eror

berhubung blog anyar, pe ngrayen adsensecamp ben sangar ti2k meski ra ono seng klik ra po2 seng penting nampang sek. tpi kq d refresh ket mang yo ngono trus gambare. padahal wes d enteni sampek dalu, kyoke d kongkon turu ki. mas/mbak admin yo po ki kq ngene,....

awale

awale, nontok koncoQ oret2 bloge dewe aq yo pengen ngetokno uneg2Q. timbang oret2 tembok trus di sawat boto, akhire blog ki t gawe kanggo oret2 sembarang sak penak ati,....

Pages 381234 »

 
Powered by Blogger